Jv/Yèn ing tawang ana lintang

Yen Ing Tawang Ana Lintang
Panembang: Waljinah Pangripta: Andjar Any

Tèks edit

Yen ing tawang ana lintang, cah ayu

  • aku ngenteni tekamu
  • marang mega ing angkasa, nimas ngsun takokke pawartamu
  • Janji-janji aku eling, cah ayu
  • sumedhot rasane ati
  • lintang-lintang ngiwi-iwi, nimas
  • tresnaku sundhul wiyati
  • Dhek semana janjimu disekseni mega kartika
  • kairing rasa tresna asih
  • Yen ing tawang ana lintang, cah ayu
  • rungokna tangising ati
  • binarung swarane ratri, nimas
  • ngenteni mbulan ndadari
  • Dhek semana janjiku disekseni mega kartika
  • kairing rasa tresna asih
  • Yen ing tawang ana lintang, cah ayu
  • rungokna tangising ati
  • binarung swaraning ratri, nimas
  • ngenteni mbulan ndadari