Jv/Babad Tanah Djawi lan Tanah-Tanah ing Sakiwa-Tengenipoen/Bab 15


Kaca iki lagi digarap
Pitulung aksara mawa tandha diakritis:

Diakritis: É é È è Ê ê ô

Aksara nglegana:

Aksara pasangan: ꧀ꦲ ꧀ꦤ ꧀ꦟ ꧀ꦕ ꧀ꦖ ꧀ꦫ ꧀ꦬ ꧀ꦏ ꧀ꦑ ꧀ꦢ ꧀ꦣ ꧀ꦠ ꧀ꦡ ꧀ꦱ ꧀ꦯ ꧀ꦮ ꧀ꦭ ꧀ꦥ ꧀ꦦ ꧀ꦝ ꧀ꦞ ꧀ꦗ ꧀ꦙ ꧀ꦪ ꧀ꦚ ꧀ꦘ ꧀ꦩ ꧀ꦒ ꧀ꦓ ꧀ꦧ ꧀ꦨ ꧀ꦛ ꧀ꦜ ꧀ꦔ

Aksara swara: ꦿ

Angka & tanda baca:


15 Pérangan Kang Kaping Pindho

Bab 7 Karadjan Mataram Nalika Moemboel Moemboele

1586 - 1601 Panémbahan Sénapati


1601 - 1613 Mas Jolang, Panémbahan Séda Krapyak

1609 - 1614 GG. Both

1613 - 1645 Soeltan Agoeng (R. Rangsang, Cakrakoesoema)

1619 - 1623 GG. JP. Coen


1623 - 1627 GG. De Carpertier


1627 - 1629 GG. JP Coen


1636 - 1645 GG. Van Diemen


Sadoeroengé Panémbahan Sénapati séda wis tinggal weling, yèn kang poetra penenggah, Mas Jolang kang kalilan nampani warisan kraton Mataram, déné poetrané pembayoen, Pangéran Poeger nrima djoemeneng adipati ing Demak, nanging Pangéran Poeger besoeké ngraman, wasana asor. Kedjaba perang lan kang raka, Mas Jolang oega perang karo para adipati ing Bang Wétan. Ing tahoen 1613 Sang Panémbahan séda. Sarèhné sédané mentas lelangen menyang Krapyak, noeli katelah nama Panémbahan Séda Krapyak. Sasédané Panémbahan Séda Krapyak kang goemanti djoemeneng nata Radèn Mas Rangsang, adjedjoeloek Praboe Pandhita Cakrakoesoema. Nalika djoemenengé Kangdjeng Soeltan lagi yoeswa 22 tahoen; éwa semono wis kinoermatan ing para kawoela. Pangastané paprentahan piyambak baé, moeng kala kala moendhoet remboegé wong kang pinitaya, lan poetoesaning remboeg bandjoer didhawoehaké marang para panggedhéning nagara.

Sang Praboe bagoes sembada dedeg piyadegé, tingalé wadjar "mèmper mripating singa" pangagemané presadja, nyampingé bathik wernané poetih lan biroe (ayaké parang roesak), mekoethané poetih (matak?). Yèn siniwaka, lenggahè ana ing dhampar cendhana kaapit apit ing pot pot kekembangan. Dhampar maoe doenoengé ana ing bangsal kang adjrambah djobin, dawa ambaning djrambah kira kira 3 mèter. Para kang séba nyadhong dhawoeh, ngoebengi bangsal maoe, kèhe kira kira 300 oetawa 400, kabèh padha sila makidoepoeh tanpa nganggo lèmèk, lan ora ana kang oedoet oetawa nginang. Sinéwaka kaya mangkono maoe ing dalem saminggoe kaping pindho oetawa loewih, para abdi dalem kang ora ngadhep nalika pinoedjoe sinéwaka, oetawa kang doewè lakoe ora patoet, padha kagantoengan paoekoeman abot. Dadi oeripé para priyagoeng ing Karta ikoe ora merdika kaya adipati ing sadjabaning Karta. Para adipati maoe akèh kang sawenang, anggoegoe ing sakarepé dhéwé, wong cilik kang rekasa, padha dipeksa ngestokaké padjeg akèh.

Kersané Soeltan Agoeng Tanah Jawa iki kabèh karéha marang Mataram, senadyan bakal perang kang nganti soewé oetawa ngetokaké wragad akèh iya bakal ditemah, moeng angger bisa kelakon. Moenggoeh moengsoehé ana teloe yaikoe: para ratoe ing Bang Wétan lan Madoera, ratoe ing Banten sarta Koempeni. Déné Cirebon wis noengkoel marang Mataram, wiwit tahoen 1619. Nalika tahoen 1615 Kangdjeng Soeltan neloekaké Loemadjang, Malang lan panggonan sawatara manèh. Sawisé ikoe Soerabaya, Pasoeroewan, Toeban, Wirasaba (Madjaagoeng), Japan (Madjakerta), Lasem, Brondong, Arisbaya (Madjaagoeng) lan Soemenep, bandjoer pradjangdjian ngoempoel dadi sidji, perloe bebarengan nempoeh Mataram. Nanging perangé kasoran. Ing tahoen 1617 Soeltan Agoeng mbedhah Pasoeroewan, ing tahoen 1618 Padjang, lan ing tahoen 1619 Toeban. Pangepoengé koetha Soerabaya ing tahoen 1622 ora oleh gawé, nanging bareng ing tahoen 1623 Madoera kena dikalahaké, Soeltan Agoeng ngadjati mbedhah Soerabaya manèh. Nalika ikoe Soeltan Agoeng manggih akal, ora adoh saka cawangané kali Brantas, kali Soerabaya dibendoeng. Banyoe sethithik kang isih mili menyang Soerabaya diboewangi bathang lan bosokaning tetoewoehan, amrih wong Soerabaya padha ketaman ing lelara. Jalaran saka réka ikoe wong Soerabaya kepeksa noengkoel, awit alané banyoe maoe, mitoeroet crita, wongé Soerabaya kang kèhe 50 60.000 ikoe moeng kari 1.000. Wasana Tanah Jawa Wétan lan Tanah Jawa Tengah dadi kaerèh ing Mataram. Ing tahoen 1625 Kangdjeng Soeltan bandjoer adjedjoeloek Soesoehoenan.

Tepoengé VOC. karo Mataram ikoe molah malih. Ing wiwitané padha becik. Soeltan Agoeng neroesaké pradjangdjiané kang rama, yaikoe: VOC. kena ngedegaké lodji ana ing Jepara. Nalika ikoe Soeltan Agoeng ngandika karo oetoesaning Compagnie: "Akoe soemoeroep, yèn toemekamoe ing kéné ora nedya neloekaké Tanah Jawa". Enggoné Walanda manggon ing Jepara ikoe moeng soepaya bisa ngirimaké beras. Nanging ing prakara ikoe wong Walanda tansah digawé pakéwoeh déning Baoereksa, boepati ing Kendhal. Malah baoereksa lan boepati liyané padha ngréka daya, amrih wong Walanda adja menyang Karta sapatemon karo Sang Praboe.

Awit saka ikoe VOC. lan para boepati padha congkrah. Ing sawidjining dina Baoereksa noekoep wong Walanda, ana sawatara kang dipatèni lan ana pitoelas kang dikoendjara. Nalika ikoe Coen dhawoeh ngobong Jepara, iya klakon kobong sapérangan (tahoen 1618). Ing wektoe semono Soeltan Agoeng lagi perang ana ing Bang Wétan lan ora menggalih apa kang klakon ing Jepara.

Bareng Coen ing tahoen 1619 yasa koetha Betawi, lan Jakarta wis katekem ing tangané bangsa Walanda, soeltan Agoeng moering banget marang VOC. Ora antara lawas dhawoeh nglarangi adol beras marang Compagnie, amarga Coen wani wani awèh mriyem marang wong Soerabaya. Sanadyan mengkonoa meksa ora dadi perang, awit sapisan Soeltan Agoeng nedya golèk réka bisané wong Walanda ngakoni yèn kebawah Mataram, nganggo sarana kang aloes, lan ping pindhoné samangsa dadi perang wong Walanda koewatir yèn bandjoer ora bisa oleh beras babar pisan. Nalika Soeltan Agoeng ngadjak Walanda bebarengan mbedhah Banten, wong Walanda ora gelem, awit VOC, ora pracaya marang wong Mataram, marga Walanda wis ngreboet layang, kang soerasané: "Soeltan Agoeng bakal mbedhah Banten, sawoesé ikoe bandjoer ngalahaké Betawi". Banten lan Mataram ikoe tansah memoengsoehan, nanging Soeltan Agoeng ora bisa ngalahaké, djalaran nalika ikoe praoené wong Jawa ora sepiraa kèhé lan mlakoe dharat dalané angèl banget. Ing Tanah Jawa Koelon kang teloek marang Mataram moeng ing Soemedhang (Priyangan) lan Cirebon. Nalika JP. Coen djoemeneng GG. kang kapindhoné ing tahoen 1628, ana oetoesan saka Mataram menyang Compagnie doewè pandjaloek mangkéné: Sapisan Panémbahan enggoné arep nempoeh Banten moendhoet toeloeng marang Compagnie, kapindhoné JP. Coen didhawoehi oetoesan menyang Mataram ngatoeraké boeloe bekti. Pandjaloek ikoe maoe loro loroné ora ditoeroeti. Ing sasi Agoestoes wayah bengi kasteel ing Betawi ditempoeh ing bala Mataram saka pelaboehan. Ing dharatan ana baris gedhé kang ngepoeng koetha Betawi. Mangka cacahing pradjoerit Compagnie moeng 3.800. Noeli JP. Coen tékad tekadan nempoeh, pradjoerit Jawa boebar, malah bandjoer kepeksa moendoer, awit wis ngancik mangsa oedan toer nganggo kekoerangan pangan. Ing sasi April tahoen 1629 ana oetoesan saka Mataram aran Warga ketemoe GG. JP. Coen, djaréné perloe remboegan arep bedhami. JP. Coen wis ngerti yèn Warga ikoe satemené telik, bandjoer teroes dicekel. Bareng ditakoni, prasadja yèn wong Mataram wis nglakokaké wadyabala manèh lan moerih adja nganti kekoerangan pangan kaya kang oewis, ing Tegal wis disedhiyani tandhon beras. JP. Coen teroes dhawoeh ngobongi tandhon beras maoe. Woesana bareng pradjoerit Mataram teka ing wewengkon Betawi enggal baé enggoné kentèkan pangan. Wadyabala Mataram wiwit gawé larèn nganti ketoeg sacedhaké koetha, JP. Coen noeli dhawoeh ngroesak larèn maoe. Sarèhné bala Mataram oega ketradjang lelara, woesana kepeksa moendoer. Wiwit ing wektoe ikoe karadjan Mataram wis ora wani nempoeh marang koetha Betawi. Ewa déné Soeltan Agoeng sabisa bisa tansah ngarah gawé kapitoenané Compagnie, kayata wong Mataram dilarangi dagang beras menyang Betawi, mangka Compagnie boetoeh banget. OEtoesan saka Betawi menyang Karta padha dicekel, sarta direngkoeh abdi teloekan, malah sawènèh ana kang dipatèni. Bareng sabedhahè koetha Malaka tahoen 1641, wong Jawa ora kena dagang beras ana ing kono, dipeksa dagang menyang pelaboehan Betawi. Senadyan Soeltan Agoeng doeroeng karsa roekoen, éwa déné kawoela Mataram diidini lelawanan dedagangan manèh lan Compagnie ing Betawi. Wasana ing tahoen 1646 Soeltan Agoeng séda, wiwit ing wektoe ikoe Mataram bandjoer roekoen baé lan Compagnie.

Karsané Soeltan Agoeng arep ngerèhaké Tanah Jawa kabèh ikoe wis akèh kelakoné, nanging perang maoe ndadèkaké karoesakan ing Tanah Jawa. Nalika oetoesané VOC. ing tahoen 1613 padha menyang Karta, para oetoesan padha éram ndeleng kèhing wong ing koetha koetha, kèhing beras pari apa déné kèhing wit witan toewin tetandoeran kang metoe kasilé, nanging bareng antara limalas tahoen manèh, akèh tanah tanah kang ora kadoenoengan wong, panggonan panggonan kang katradjang ing prang padha nandang paceklik lan kaambah ing pagebloeg. Moelané mengkono, marga Soeltan Agoeng ikoe nggoné arep nggayoeh karsané ikoe nganggo sarana kang nggegirisi, kayata: kabèh kawoela koedoe mèloe perang, doeroeng nganti perang wong wong maoe wis akèh kang tiwas ana ing dalan. Gampang yèn moeng arep bisa ngira ngira kèhing pradjoerit kang diloeroegaké, yèn ngélingi pangepoengé koetha Betawi kang ping pindhoné. Nalika ikoe ana pradjoerit 80.000 lan sing bali menyang Mataram doeroeng ana seprapaté. Nalika ngloeroeg Madoera, kèhing pradjoerit nganti 160.000. Yèn ana wong sabangsa kalah perangé, kerep kelakon wong kabèh maoe kapeksa ninggal tanahè. Nalika bedhahè Madoera, koetha koetha lan désa désa ing kono mèh kabèh diroesak, para ratoené dipatèni, wongé cilik ana 40.000 kang dipeksa ngalih menyang Gresik lan Jaratan, djalaran ing koetha loro maoe, marga saka perang kang oewis oewis mèh ora kadoenoengan ing wong. Adipati ing Soemedhang kapeksa oeroen bala akèh banget, nganti ing negarané (Priyangan) mèh entèk wongé. Sakalahè Wirasaba boepatiné kablenegaké ing banyoe nganti toemeka ing pati, lan wong cilik diboyongi menyang Banyoemas. Soeltan Agoeng ikoe ora ngadjèni nyawaning wong, nalika campoehe wadyabala Mataram ana ing Soerabaya ikoe wong Mataram kang mati 40.000 lan Kangdjeng Soeltan iya ayem baé, pangandikané: tanah Mataram isih soegih wong. Jalaran kang mangkono maoe wong cilik padha ora bisa nggarap sawah, regané beras saya larang lan wongé saya ora kacoekoepan. woewoeh woewoeh kaambah ing pagering, moelané ing tahoen 1618 lan 1626 akèh padésan ing Tanah Jawa kang wongé moeng kari 1/3, kang 2/3 padha mati. Wragad perang ikoe iya ora sethithik, lan sing koedoe nganakaké iya wong cilik, Soeltan Agoeng ora kagoengan welas marang moengsoeh, malah sénapati lan pradjoerité dhéwé iya sok kapatrapan paoekoeman kang ora moerwat, yaikoe yèn perangé kalah. Mitoeroet crita, saoendoeré wadyabala saka Betawi, Soeltan Agoeng dhawoeh matèni wong 4.000; wong samono maoe kaleboe para garwané baoereksa, kang tiwas ana ing peprangan.

Nalika perang Mataram JP. Coen wis kraos gerah, nanging meksa nyénapati ing perang, dadi kasengka banget. Wasana ing tanggal 20 September 1629 gerahé banget dadakan, nganti dadi lan tiwasé.

Wis tetéla banget yèn toedjoené Compagnie nganti seprono moeng moerih adjoening dedagangané. Sarèhné kang dikoekoehi banget pranatan monopolie, moelané koedoe bisa mbalèkaké panémpoehé wong Eoeropa liyané. Bisané kelakon, moeng yèn pradjoerité dharatan lan laoetan sentosa, perloe kanggo ngoekoehi kantor kantor ing Betawi, lan oega kanggo nanggoelang ardané Mataram. Coen ikoe kena diarani wong pinoendjoel, katandha nalikané adegé Betawi bisa ngoendoeraké ardaning moengsoeh nganti kaping pindho (Inggris lan Mataram) senadyan tansah karoban lawan, tindaké ana ing Moloko tetep diarani siya, éwadéné meksa kleboe wong ambek soedira ing pakéwoeh lan ora wegahan. Enggoné nglaboehi tanah woetah rahè tanpa pamrih nganti tekan ing pati. Sasédané GG. JP. Coen kang goemanti J. Specx (tahoen 1629 - 1632) toemoeli H. Brooewer 9tahoen 1632 - 1636).

Wiwit adegé A. van Diemen dadi GG., Compagnie ngancik ndedel dedelé, awit van Diemen pancèn GG. kang cakep ing bab sakabèhé.

Dhèk samana VOC. perang manèh lan moengsoehé lawas yaikoe bangsa Portegis. Ing tahoen 1638 djadjahané wong Portegis ing Ceylon kareboet ing sénapatining VOC. bandjoer Compagnie diidini ngadegaké bètèng lan nindakaké monopolie dagangan manis djangan. Ora antara soewé bètèng Malaka, kang kaleboe sentosa banget, kinepoeng wakoel lan diperangi bala VOC. Nganti soewé wong Portegis panggah. Ing tahoen 1641 sénapati Walanda Caertekoe dhawoeh ngrangsang bètèng, wasana bedhah. Ing ngatasé wong Portegis ilangé koetha Malaka ikoe keroegian gedhé banget. Sarèhné bandjoer oega kélangan djadjahan ing pasisiré tlatah Coromandel lan Malabar, wong Portegal prasasat tanpa pangoewasa ana ing tanah Asia. Nalika bedhami ing tahoen 1641 wong Portegis dipeksa noeroeti baé.

Moenggoeh ing ngatasé Compagnie, bisa oleh koetha Malaka kaoentoengan gedhé, awit ndadèkaké wediné para ratoe bangsa boemi kabèh. Padagangané Malaka ngalih menyang Betawi. Nalika djamané GG. van Diemen koetha ing Betawi digedhèkaké lan dibecikaké. Jiwané 9.000, wong Walanda 3.000 loewih. Ing sadjabané koetha wiwit akèh pasanggrahané para gedhé. Ing sadjroning koetha wong lakoe dagang madjoe banget. Katjarita karadjan Mataram ing wektoe ikoe bandjoer roekoen baé lan Compagnie. Ing tahoen 1646 VOC. pradjangdjian karo Mataram (nalika djoemenengé Mangkoerat I). Ing saben tahoen Compagnie koedoe nglakokaké oetoesan menyang Mataram. Wong Jawa kena dedagangan ing sadhengah panggonan kedjaba ing Moloko. VOC. lan Mataram padha déné ora kena ngréwangi moengsoehé. Ing sabakdané tahoen 1629 kerep baé Banten memoengsoehan lan Betawi, marga wong Banten amboebrah monopoliening VOC. karo wong Moloko. Pelaboehan Banten kerep banget dibarisi ing praoe perang Walanda, dadi koetha Banten padagangané mati. Ing tahoen 1645 Banten gawé pradjangdjian lan VOC. Dadi tetéla yèn pangoewasané Compagnie tansah moendhak gedhé.

GG. van Diemen arep nggedhékaké padagangan ing tanah Tjina lan Jepang. Ing tahoen 1642 ana wong Walanda, aran Abel Tasman ndjadjah ngétan nemoe poelo poelo anyar ing wewengkoné Aoestralia iya ikoe Nieoew Zeeland lan Van Diemensland (saiki aran Tasmania). Tanah Aoestralia diarani Nieoew Holland.

Nalika djaman Soeltan Agoeng ana owah owahan bab oemoering tahoen. Kang dienggo toemekané djaman ikoe diarani tahoen Saka, oemoere kaya déné tahoen Christen ((+/- 365 dina) wiwité tahoen nalika tahoen christen wis tekan angka 78. Wiwit tahoen Saka 1555 (= 8 Joeli 1633) oemoere disalini manoet lakoening remboelan ( 1 tahoen = 355 dina) dicocogaké karo tahoen Arab kang dhèk samono wis tekan angka 1.043. Toemekaning saiki kabèh maoe isih dipacak ana almenak, kayata: 1 Janoeari 1925 = 5 Joemadilakir Dal Windoe Sengara 1855 (Jawa) = 5 Joemadilakir 1343 (Arab).