Page:Poesaka Soenda 1922-11-1(05).pdf/8

This page has not been proofread.

"Goenoeng-goenoeng njoesoeroep ngaloengsoer semoe, ngalamoek halimun iboe, lir kelir anoe ngadingding, awas njatjas loemenggang tjaang, atra ningal tatangkalan, kadia wajang wawajangan, katata moengging ing panggoeng. Hiliwir sondari kasilir angin, melas melis narik sari loemengisna sora soeling, Manoek-manoek pada ear disarada, kapiarsa sada najaga njaronan, patempas djeung patembalan, narimbang haleuang kidang. Merak ngibing moeni kawih binangoen lagoe mandrake”.

Pikeun panambih kana katrangan, ieu dilebetkeun KAKAWEN dalang, anoe ajeuna masih keneh biasa kadangoe. Koe margi dalang kakawenna koe basa Djawa Kawi, ieu oge noeroetan dalang bae, diserat satjeplekna soepados kaoeninga koemaha pok-pokanana.

Swoeh rep datapitana: anenggih waoe kotjapa nagari poendi ingkang kaeka adi dasa poerwa; eka: sawidji, adi; linoewih, dasa: sapoeloeh, poerwa: kawitan. Sanadjan katah titahing dewa, kang kasangga pratiwi koengkoelan ing ngakasa, kapit ing samodra, katah kang ngganararas, mboten wonten kados nagari ing Mandraka, mila kinarja baboeka, kotjap nagari satoes tan angsal kakalih: sewoe tan antoek sadasa. Dasar nagari pandjang apoendjoeng, pasir woekir loh djinawi, gemah ripah, karta rahardja, pandjang dawa potjapane poendjoeng loehoer kawibawane, pasir samodra: awoekir goenoeng, dasar nagari ngoengkoeraken pagoenoengan, angeringaken pasabinan nengenaken bangawan ngadjengaken bandaran ageng. Loh: toeloes ingkang tinandoer, adjinawi: moerah ingkang tinoekoe, gemah: katanda ingkang alakoe dagang: rinten daloe loemampah tan ana pedote datan wonten sangsajanireng margi, aripah: katanda ingkang sami gagrija salebeting nagari ing Mandraka, pangraos adjejel tepoeng tjoekit adoe taritis saking gemah hadjaning nagari; karta: katanda kawoela ing padoesoenan ingkang lampah tatanen, angingoe kebo sapi bebek ajam tanpa tjinantjangan, jen rina sami agelar aneng pangonan, wantjining daloe wangsoel marang kandang

asowang-sowang, saking kalising doerdjana pati, rahardja: dene tebih parangmoeka, toewin abdi Mantri Boepati tan wonten lampah tjatjetilan, atoet roekoen enggonira ngangkat karjaning ratoe, mila nagari ing Mandraka keringan ing ngamantja pradja, dasar nagari Mandraka gede obore padang djagade doewoer koekoese adoh koentjarane, mboten ing tanah Djawi kemawon, sanadjan tanah sabrang katah ingkang asoewita. Mila saben antara mangsa sami atoer poetri pananoengkoel, atoer oepekti asok glondong pangareng-areng, asoeng papoendoetaning ratoe: peni-peni radja/peni goeroe bakal goeroe dadi. Wenang dipoen oetjapaken djadjoeloeking Narendra ing Mandraka. Praboe Narasoma: ratoe sareh marang dasih, Salja: ratoe wijar tjatjawanganing panggalih, Madradipa: ratoe linoewih, Madrakeswara: langkoeng loehoer, Somadenta: toetoeking gading, pranjata Sri Boepati ing Mandraka ambeg pinandita. Mila katah pradja noengkoel aris tanpa pinoekoel ing joeda, saking koengkoelan pambekaning ratoe, dene Sri Boepati ing Mandraka agoeng danane, paring sandang wong kawoedan, soeka teken wong kaloenjon, asoeng koedoeng ing kapanasen, paring pangan ing djanma kaloewen, karja, soekane prihatin. Toehoe tan kena winantji danane Sinoehoen ing Mandraka, jen ta ginoenggoenga wijaring djadjahan loehoering kaprabon toewin panbekaning ratoe: sadaloe tan wonten pedote, pinoeggel ingkang moerweng kawi Sinigeg. Anoedjoe ari respati Sri Nata mijos siniwaka moenggeng sitinggil binata rana, alenggah ing dampar denta, pinalipit ing retna pinatik ing sasotija dadasar baboet pramadani, sinebaran sari ginanda wida djebad kastoeri, den ajap parekan badaja srimpi manggoeng lan katanggoeng ingkang ngampil oepatjara: banjak dalang Hardawalika sawoenggaling Dwipangga ingkang sarwaretna.

Kineboetan badak ing kanan keri, kongas gandane Nata doemoegi djawi pangoerakan, sirna manoengsane katon kadi Djawata Batara Samboe denajap para widadari. Rep sidem pramanam tan ana abane walang ngalisik, godonging kakajon tan

72