Al-Ahqaaf الأحقاف |
|
---|---|
Informasi | |
Arti | Araning Jurang Pasir |
golongan | Makiyyah |
Juz | Juz 35 |
Statistik | |
Jumlah ruku' | - ruku' |
Jumlah ayat | 35 ayat |
Surat Al-Ahqaaf punika surat ingkang kaping 46, anggadahi 35 ayat lan termasuk golongan surat makiyyah.
بِسْمِ ٱللَّهِ ٱلرَّحْمَـٰنِ ٱلرَّحِيمِ
حم ﴿١﴾ تَنزِيلُ الْكِتَابِ مِنَ اللَّهِ الْعَزِيزِ الْحَكِيمِ ﴿٢﴾ مَا خَلَقْنَا السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ وَمَا بَيْنَهُمَا إِلَّا بِالْحَقِّ وَأَجَلٍ مُّسَمًّى ۚ وَالَّذِينَ كَفَرُوا عَمَّا أُنذِرُوا مُعْرِضُونَ ﴿٣﴾ قُلْ أَرَأَيْتُم مَّا تَدْعُونَ مِن دُونِ اللَّهِ أَرُونِي مَاذَا خَلَقُوا مِنَ الْأَرْضِ أَمْ لَهُمْ شِرْكٌ فِي السَّمَاوَاتِ ۖ ائْتُونِي بِكِتَابٍ مِّن قَبْلِ هَٰذَا أَوْ أَثَارَةٍ مِّنْ عِلْمٍ إِن كُنتُمْ صَادِقِينَ ﴿٤﴾ وَمَنْ أَضَلُّ مِمَّن يَدْعُو مِن دُونِ اللَّهِ مَن لَّا يَسْتَجِيبُ لَهُ إِلَىٰ يَوْمِ الْقِيَامَةِ وَهُمْ عَن دُعَائِهِمْ غَافِلُونَ ﴿٥﴾وَإِذَا حُشِرَ النَّاسُ كَانُوا لَهُمْ أَعْدَاءً وَكَانُوا بِعِبَادَتِهِمْ كَافِرِينَ ﴿٦﴾ وَإِذَا تُتْلَىٰ عَلَيْهِمْ آيَاتُنَا بَيِّنَاتٍ قَالَ الَّذِينَ كَفَرُوا لِلْحَقِّ لَمَّا جَاءَهُمْ هَٰذَا سِحْرٌ مُّبِينٌ ﴿٧﴾ أَمْ يَقُولُونَ افْتَرَاهُ ۖ قُلْ إِنِ افْتَرَيْتُهُ فَلَا تَمْلِكُونَ لِي مِنَ اللَّهِ شَيْئًا ۖ هُوَ أَعْلَمُ بِمَا تُفِيضُونَ فِيهِ ۖ كَفَىٰ بِهِ شَهِيدًا بَيْنِي وَبَيْنَكُمْ ۖ وَهُوَ الْغَفُورُ الرَّحِيمُ ﴿٨﴾ قُلْ مَا كُنتُ بِدْعًا مِّنَ الرُّسُلِ وَمَا أَدْرِي مَا يُفْعَلُ بِي وَلَا بِكُمْ ۖ إِنْ أَتَّبِعُ إِلَّا مَا يُوحَىٰ إِلَيَّ وَمَا أَنَا إِلَّا نَذِيرٌ مُّبِينٌ ﴿٩﴾ قُلْ أَرَأَيْتُمْ إِن كَانَ مِنْ عِندِ اللَّهِ وَكَفَرْتُم بِهِ وَشَهِدَ شَاهِدٌ مِّن بَنِي إِسْرَائِيلَ عَلَىٰ مِثْلِهِ فَآمَنَ وَاسْتَكْبَرْتُمْ ۖ إِنَّ اللَّهَ لَا يَهْدِي الْقَوْمَ الظَّالِمِينَ ﴿١٠﴾ وَقَالَ الَّذِينَ كَفَرُوا لِلَّذِينَ آمَنُوا لَوْ كَانَ خَيْرًا مَّا سَبَقُونَا إِلَيْهِ ۚ وَإِذْ لَمْ يَهْتَدُوا بِهِ فَسَيَقُولُونَ هَٰذَا إِفْكٌ قَدِيمٌ ﴿١١﴾ وَمِن قَبْلِهِ كِتَابُ مُوسَىٰ إِمَامًا وَرَحْمَةً ۚ وَهَٰذَا كِتَابٌ مُّصَدِّقٌ لِّسَانًا عَرَبِيًّا لِّيُنذِرَ الَّذِينَ ظَلَمُوا وَبُشْرَىٰ لِلْمُحْسِنِينَ ﴿١٢﴾ إِنَّ الَّذِينَ قَالُوا رَبُّنَا اللَّهُ ثُمَّ اسْتَقَامُوا فَلَا خَوْفٌ عَلَيْهِمْ وَلَا هُمْ يَحْزَنُونَ ﴿١٣﴾ أُولَٰئِكَ أَصْحَابُ الْجَنَّةِ خَالِدِينَ فِيهَا جَزَاءً بِمَا كَانُوا يَعْمَلُونَ ﴿١٤﴾وَوَصَّيْنَا الْإِنسَانَ بِوَالِدَيْهِ إِحْسَانًا ۖ حَمَلَتْهُ أُمُّهُ كُرْهًا وَوَضَعَتْهُ كُرْهًا ۖ وَحَمْلُهُ وَفِصَالُهُ ثَلَاثُونَ شَهْرًا ۚ حَتَّىٰ إِذَا بَلَغَ أَشُدَّهُ وَبَلَغَ أَرْبَعِينَ سَنَةً قَالَ رَبِّ أَوْزِعْنِي أَنْ أَشْكُرَ نِعْمَتَكَ الَّتِي أَنْعَمْتَ عَلَيَّ وَعَلَىٰ وَالِدَيَّ وَأَنْ أَعْمَلَ صَالِحًا تَرْضَاهُ وَأَصْلِحْ لِي فِي ذُرِّيَّتِي ۖ إِنِّي تُبْتُ إِلَيْكَ وَإِنِّي مِنَ الْمُسْلِمِينَ ﴿١٥﴾ أُولَٰئِكَ الَّذِينَ نَتَقَبَّلُ عَنْهُمْ أَحْسَنَ مَا عَمِلُوا وَنَتَجَاوَزُ عَن سَيِّئَاتِهِمْ فِي أَصْحَابِ الْجَنَّةِ ۖ وَعْدَ الصِّدْقِ الَّذِي كَانُوا يُوعَدُونَ ﴿١٦﴾ وَالَّذِي قَالَ لِوَالِدَيْهِ أُفٍّ لَّكُمَا أَتَعِدَانِنِي أَنْ أُخْرَجَ وَقَدْ خَلَتِ الْقُرُونُ مِن قَبْلِي وَهُمَا يَسْتَغِيثَانِ اللَّهَ وَيْلَكَ آمِنْ إِنَّ وَعْدَ اللَّهِ حَقٌّ فَيَقُولُ مَا هَٰذَا إِلَّا أَسَاطِيرُ الْأَوَّلِينَ ﴿١٧﴾ أُولَٰئِكَ الَّذِينَ حَقَّ عَلَيْهِمُ الْقَوْلُ فِي أُمَمٍ قَدْ خَلَتْ مِن قَبْلِهِم مِّنَ الْجِنِّ وَالْإِنسِ ۖ إِنَّهُمْ كَانُوا خَاسِرِينَ ﴿١٨﴾ وَلِكُلٍّ دَرَجَاتٌ مِّمَّا عَمِلُوا ۖ وَلِيُوَفِّيَهُمْ أَعْمَالَهُمْ وَهُمْ لَا يُظْلَمُونَ ﴿١٩﴾ وَيَوْمَ يُعْرَضُ الَّذِينَ كَفَرُوا عَلَى النَّارِ أَذْهَبْتُمْ طَيِّبَاتِكُمْ فِي حَيَاتِكُمُ الدُّنْيَا وَاسْتَمْتَعْتُم بِهَا فَالْيَوْمَ تُجْزَوْنَ عَذَابَ الْهُونِ بِمَا كُنتُمْ تَسْتَكْبِرُونَ فِي الْأَرْضِ بِغَيْرِ الْحَقِّ وَبِمَا كُنتُمْ تَفْسُقُونَ ﴿٢٠﴾۞ وَاذْكُرْ أَخَا عَادٍ إِذْ أَنذَرَ قَوْمَهُ بِالْأَحْقَافِ وَقَدْ خَلَتِ النُّذُرُ مِن بَيْنِ يَدَيْهِ وَمِنْ خَلْفِهِ أَلَّا تَعْبُدُوا إِلَّا اللَّهَ إِنِّي أَخَافُ عَلَيْكُمْ عَذَابَ يَوْمٍ عَظِيمٍ ﴿٢١﴾ قَالُوا أَجِئْتَنَا لِتَأْفِكَنَا عَنْ آلِهَتِنَا فَأْتِنَا بِمَا تَعِدُنَا إِن كُنتَ مِنَ الصَّادِقِينَ ﴿٢٢﴾ قَالَ إِنَّمَا الْعِلْمُ عِندَ اللَّهِ وَأُبَلِّغُكُم مَّا أُرْسِلْتُ بِهِ وَلَٰكِنِّي أَرَاكُمْ قَوْمًا تَجْهَلُونَ ﴿٢٣﴾ فَلَمَّا رَأَوْهُ عَارِضًا مُّسْتَقْبِلَ أَوْدِيَتِهِمْ قَالُوا هَٰذَا عَارِضٌ مُّمْطِرُنَا ۚ بَلْ هُوَ مَا اسْتَعْجَلْتُم بِهِ ۖ رِيحٌ فِيهَا عَذَابٌ أَلِيمٌ ﴿٢٤﴾ تُدَمِّرُ كُلَّ شَيْءٍ بِأَمْرِ رَبِّهَا فَأَصْبَحُوا لَا يُرَىٰ إِلَّا مَسَاكِنُهُمْ ۚ كَذَٰلِكَ نَجْزِي الْقَوْمَ الْمُجْرِمِينَ ﴿٢٥﴾ وَلَقَدْ مَكَّنَّاهُمْ فِيمَا إِن مَّكَّنَّاكُمْ فِيهِ وَجَعَلْنَا لَهُمْ سَمْعًا وَأَبْصَارًا وَأَفْئِدَةً فَمَا أَغْنَىٰ عَنْهُمْ سَمْعُهُمْ وَلَا أَبْصَارُهُمْ وَلَا أَفْئِدَتُهُم مِّن شَيْءٍ إِذْ كَانُوا يَجْحَدُونَ بِآيَاتِ اللَّهِ وَحَاقَ بِهِم مَّا كَانُوا بِهِ يَسْتَهْزِئُونَ ﴿٢٦﴾ وَلَقَدْ أَهْلَكْنَا مَا حَوْلَكُم مِّنَ الْقُرَىٰ وَصَرَّفْنَا الْآيَاتِ لَعَلَّهُمْ يَرْجِعُونَ ﴿٢٧﴾ فَلَوْلَا نَصَرَهُمُ الَّذِينَ اتَّخَذُوا مِن دُونِ اللَّهِ قُرْبَانًا آلِهَةً ۖ بَلْ ضَلُّوا عَنْهُمْ ۚ وَذَٰلِكَ إِفْكُهُمْ وَمَا كَانُوا يَفْتَرُونَ ﴿٢٨﴾وَإِذْ صَرَفْنَا إِلَيْكَ نَفَرًا مِّنَ الْجِنِّ يَسْتَمِعُونَ الْقُرْآنَ فَلَمَّا حَضَرُوهُ قَالُوا أَنصِتُوا ۖ فَلَمَّا قُضِيَ وَلَّوْا إِلَىٰ قَوْمِهِم مُّنذِرِينَ ﴿٢٩﴾ قَالُوا يَا قَوْمَنَا إِنَّا سَمِعْنَا كِتَابًا أُنزِلَ مِن بَعْدِ مُوسَىٰ مُصَدِّقًا لِّمَا بَيْنَ يَدَيْهِ يَهْدِي إِلَى الْحَقِّ وَإِلَىٰ طَرِيقٍ مُّسْتَقِيمٍ ﴿٣٠﴾ يَا قَوْمَنَا أَجِيبُوا دَاعِيَ اللَّهِ وَآمِنُوا بِهِ يَغْفِرْ لَكُم مِّن ذُنُوبِكُمْ وَيُجِرْكُم مِّنْ عَذَابٍ أَلِيمٍ ﴿٣١﴾ وَمَن لَّا يُجِبْ دَاعِيَ اللَّهِ فَلَيْسَ بِمُعْجِزٍ فِي الْأَرْضِ وَلَيْسَ لَهُ مِن دُونِهِ أَوْلِيَاءُ ۚ أُولَٰئِكَ فِي ضَلَالٍ مُّبِينٍ ﴿٣٢﴾ أَوَلَمْ يَرَوْا أَنَّ اللَّهَ الَّذِي خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ وَلَمْ يَعْيَ بِخَلْقِهِنَّ بِقَادِرٍ عَلَىٰ أَن يُحْيِيَ الْمَوْتَىٰ ۚ بَلَىٰ إِنَّهُ عَلَىٰ كُلِّ شَيْءٍ قَدِيرٌ ﴿٣٣﴾ وَيَوْمَ يُعْرَضُ الَّذِينَ كَفَرُوا عَلَى النَّارِ أَلَيْسَ هَٰذَا بِالْحَقِّ ۖ قَالُوا بَلَىٰ وَرَبِّنَا ۚ قَالَ فَذُوقُوا الْعَذَابَ بِمَا كُنتُمْ تَكْفُرُونَ ﴿٣٤﴾ فَاصْبِرْ كَمَا صَبَرَ أُولُو الْعَزْمِ مِنَ الرُّسُلِ وَلَا تَسْتَعْجِل لَّهُمْ ۚ كَأَنَّهُمْ يَوْمَ يَرَوْنَ مَا يُوعَدُونَ لَمْ يَلْبَثُوا إِلَّا سَاعَةً مِّن نَّهَارٍ ۚ بَلَاغٌ ۚ فَهَلْ يُهْلَكُ إِلَّا الْقَوْمُ الْفَاسِقُونَ ﴿٣٥﴾
Alih aksara
editJarwanipun
edit- Haa Miim.
- Tumurune al-Quran iki terang saka Allah kang Maha Mulya tur Wicaksana.
- Anggoningsun gawe bumi lan langti apa dene barang kang ana antarane mesthi kelawan nyata lan adege mau ana watese wektu kang tinemtokake. Dene wong kafir padha mlengos saka barang kang dielingake (surasane al-Quran).
- Dhawuha, "Apa sira padha sumurup barang saliyane Allah kang padha kok sembah (brahala)? Tuduhna barang isen - isene bumi iki hendi gaweyane brahala, apa melu gawe langit ngrewangi Allah? Menawa panemumu bener nekakna kitab sadurunge al-Quran iki utawa kaweruh liyan - liyane kang cocok panemumu".
- Ora ana wong kang luwih kesasar tinimbang wong kang nyembah liyane Allah. Salawase ora tau bisa nurut panjaluke kang nyembah. Tekan qiyamat pisan hoya ora bisa. Brahala mau ora ngerti yen disembah dening wong kafir.
- Besuk dina qiyamat nalika manungsa diklumpukake ana ngarsane Pangeran, sakabehing brahala padha disatroni wong kang nyembah, sarta padha nutuh kang padha nyembah.
- Manungsa nalikane diwacakake al-Quran ayatingsun kelawan cetha wong kang kafir padha maido, padha ngucap al-Quran iki tetela sihir.
- Apa wong kafir padha ngucap, "Quran iki gaweyane Muhammad dhewe." Sira dhawuha, "Manawa al-Quran gaweyanku dhewe Allah mesthi nyiksa aku saiki." Kowe ora bisa nulak siksane Allah marang aku sethithik wae. Allah pirsa anggonmu maido al-Quran. Anggonku pasulayan karo kowe iki cukup disekseni Allah lan Panjenengane Allah ngapura wong kang taubat tur Maha Asih.
- (Muhammad) Dhawuha, "Aku iki dudu rasul kang kawitan lan aku ora weruh kang bakal ditindakake marang aku lan kowe. Aku mung manut surasaning al-Quran kang didhawuhake marang aku. Wajibku mung ngelengake lan pitutur".
- Dhawuha, "Terangna piye panemumu upama al-Quran iki temen dhawuhing Allah, kang mangko kowe padha maido." Lan ana uga saksine wong Bani Israil nerangake yen al-Quran iku temen dhawuhing Allah padha uga Taurat. Saksi siji saka wong Bani Israil mau banjur percaya. Satemene Allah iku ora kersa nuduhake dalan bener marang wong kang padha nganiaya.
- Wong kafir padha kondho marang wong mukmin manawa percaya marang al-Quran becik tenan, aku ora kedhisikan wongmukmin anggonku percaya. Wong kafir ora bisa oleh pituduh bener saka al-Quran Bakal padha ngucap al-Quran iku wiwit mula biyen goroh.
- Sadurunge al-Quran wis ana kitabe Musa dadi pengarep lan dadi rahmat tumrap wong kang padha percaya. Dene al-Quran iki kitab kang nerangake yen kitab kang kuna - kuna bener kabeh, tembunge al-Quran Arab kanggo ngancam wong kang nganiaya lan bebungah wong kang padha becik.
- Sarupane wong kang padha ngucap, "Pangeranku Allah", banjur padha setiya tuhu ngestokake dhawuhing Allah besuk ana akherat ora bakal wedi lan kasusahan.
- Wong mangkono mau bakal mlebu suwarga kang langgeng minongko ganjaran kabecikan kang wis dilakoni.
- Dhawuhing Ingsun Allah marang manungsa, "Padha tresnaha lan gawea becik marang wong tuane loro. Awit manungsa mau dikandhut ana wetenge biyunge lan dilahirake kanthi rekasa. Awit anggone diwetengake nganti tekan penyapihane lawase 30 sasi. Bareng bayi mau wis tua lan wis tekan umur 40 tahun munjuk ing Allah, "Dhuh Pangeran, Paduka mugi paringa pitedah ngebahna manah kula ingkang ngantos kawula syukur dhateng paring paduka kabingahan ingkang Paduka paringaken dhumateng kawula soho tiyang sepuh kawula kekalih, punapa dene supados kawula nglampahi pendamel sahe ingkang dados keparingipn kersa panjenengan. Para turun kula mugi panjenengan dadosaken sahe kawula tobat lan kawula punika tiyang Islam.""
- Hiya iku wong kang padha Ingsun terima anggone padha nglakone panggawe becik, lan padha Ingsun cegah nglakoni panggawe hala, Padha wong suwarga hiya iku prasetyaning Allah temen mesthi kelakon.
- Dene won kang wani kondho marang wong tuane loro, "Hus" yagene padha nemtokake ing tembe bakal ditangekake saka kubur kelawan urip kang mongko wong kuna biyen kang wis mati pirang - pirang atus tahun ora ana siji wae kang urip maneh. Wong tuwane loro banjur matur ing Allah lan mangsuli marang anake, "Cilaka temen kowe, percaya ing Allah lan bakal uripe wong kang wis padha mati. Prasetyaning Allah bakal kelakon tenan. Anake mangsuli, "Mangkono mau gawe - gawene wong kuna"".
- Wong mangkono mau wis ditemtokake dening pepesten. Pangandikaning Allah bakal dipatrapi siksa klebu golongane ummat kuna biyen rupa jin lan manungsa, temen wong kang kapitunan.
- Lan kanggo siji - sijining wong mau diparingi drajat miturut apa kang wis padha dilakoni.Allah mesthi nyukupi kanggo dheweke ganjaran utawa patrapan ing lakune samurwate lan ora ana kang kaniaya.
- Ing dina nalika wong kafir diweruhake neraka, ing kono padha didhawuhi, "Saiki kabungahanira ana donya kang apik wis sira entekake kanggo bungah - bungah. Ing dina iki dipatrapi siksa kang ngremehake marga aggonira padha gumedhe ing bumi kelawan ora bener lan marga anggonira duroko."
- (Muhammad), Nyeritakna (Hud) sedulure kaum 'Aad nalika mulang lan ngelengake ummate ana jurang al-Ahqaaf. Satemene wis didhisiki pirang - pirang wong sing ngelingake sakdurunge lan sawise (kanthi kondho), "Aja nyembah kajaba mung Allah, satemene aku kuatir yen ing tembe kowe dipatrapi siksa gedhe".
- Wong 'Aad padha mangsuli, "Punapa sampyan mrintah dhateng kula supados ngoncati anggen kula nyembah pangeran kula?" Manawi ngendika punika leres sumonggo sampyan dhatengaken siksa ingkang sampyan ancamaken punika.
- (Hud) mangsuli, "Mung Allah piyambak kang nguningani dina tekane siksa, dene wajibku mung handhawuhake parentahing Allah kang tak emban. Barang kowe padha hanggege siksa, panemuku kowe iku wong bodho".
- Bareng (wong 'Aad) weruh siksa arupa mendhung malang ngarepe jurang. Pangucape (wong 'Aad), "Mendung iki bakal nganaake udan, beneran ing kene wis lawas ora udan". (Pangandikaning Allah) Iki siksa kang padha sira naggege iku, angin siksa kang nglarani dudu mendhung.
- Angin mau numpes wong 'Aad kabeh, ngestokake dhawuhe Pangerane. Wong 'Aad dalah omahe sirna kabeh mung kari katon patilasane. Hiya iku anggoningsun nandukake wewales marang wong kafir.
- Lan satemene wong 'Aad mau padha Ingsun bisakake barang kang kowe ora bisa (kayata banget rosane, dawa umure, lan akeh bandhane) lan padha Ingsun paringi pangrungu pandelen lan pikir. Hewa dene bareng tinempuh ing siksa pangrungu pandeleng lan pikire ora kena dianggo madoni ayating Allah padha tinempuh siksa kang padha digeguyu.
- Lan satemene Ingsun wis numpe wong padesan sakirake tondho yekti ayatingsun supaya wong kafir padha mareni anggone nasar.
- Ya gene wong kang padha mangeran liyane Allah dadi Pangerane kanggo nyedhak ing Allah amarga brahalane ora bisa nulungi dheweke. Malah sabisa-bisa padha mlayu nyingkir. Dadi anggone mangeran brahala mau tetela padha luput lan goroh.
- (Muhammad) sira nyaritakna nalikane Ingsun nekakake sak rombongan jin ngrungokake anggonira maca al-Quran Bareng Jin mau wis ngrungokake padha kondha, "Para kancaku padha menenga ngrungokna unine al-Quran iki". Bareng wis rampung pamacane, jin mau bali marang panggonane banjur mulang al-Quran marang kancane.
- (Para jin) kondho, "Kancaku, saiki aku krungu kitab kang diturunake dening Allah sapungkure Musa nerangake yen kitab kang kuna - kuna kabeh bener. Aweh pituduh marang dalan bener (Islam)".
- Hai kancaku (jin kabeh) padha ngistokna dhawuhing Allah (kang diemban Muhammad) sarta padha percayaa Allah. Allahbakal ngapura kaluputanmu lan bakal paring slamet ora kena siksa neraka kang nglarani.
- Sing sapa ora ngistokake dhawuhing Allah, ora bisa ngunci siksaning Allah ana bumi lan ora duwe pangayom liyane Allah. Wong mangkono mau cetha yen kesasar.
- Wong kafir apa ora deleng yen Allah iku gawe bumi lan langit. Sarehne Allah iku kuasa gawe barang kang semono gedhene, opo ora sansaya kuasa nguripake wong kang wis padha mati. Allah iku kuasa samu barang.
- Ing besuk dina Qiyamat, nalika wong kafir padha dituduhake neraka, (Dhawuhing Allah) wis benera sira dicemplungake. (Wangsulane) "Dhemi Pangeran kawula, sampun leresipun". Dhawuhing Allah, "Saiki padha ngrasakna siksa neraka marga anggonira kafir."
- (Muhammad), Mulane sira sabara, kaya sabare para rosul ing zaman kuna kang padha duwe ati tetep. Aja kesusu tekane siksa marang wong kafir. Besuk yen wis deleng neraka kang diancamake. Pangrasane anggone ana donya iki mung sedhela ana ing wayah awan. Iki lho pituduh kang cukup. Besuk yen wis deleng siksa, ora bakal disengsarakake kajaba wong kafir.[2]
Footnote
edit- ↑ Tanzil.info
- ↑ Kajarwakaken kanthi midhangetaken Tafsir Al-Quran Suci Basa Jawi anggitanipun Profesor K.H.R Muhammad Adnan.
Pranala Jaba
edit