Ath - Thalaaq الطلاق |
|
---|---|
Informasi | |
Arti | Pegatan |
golongan | Madaniyyah |
Juz | Juz 28 |
Statistik | |
Jumlah ruku' | 1 ruku' |
Jumlah ayat | 12 ayat |
Surat Ath - Thalaaq punika surat ingkang kaping 65, anggadahi 12 ayat lan termasuk golongan surat madaniyyah.
بِسْمِ ٱللَّهِ ٱلرَّحْمَـٰنِ ٱلرَّحِيمِ
يَا أَيُّهَا النَّبِيُّ إِذَا طَلَّقْتُمُ النِّسَاءَ فَطَلِّقُوهُنَّ لِعِدَّتِهِنَّ وَأَحْصُوا الْعِدَّةَ ۖ وَاتَّقُوا اللَّهَ رَبَّكُمْ ۖ لَا تُخْرِجُوهُنَّ مِن بُيُوتِهِنَّ وَلَا يَخْرُجْنَ إِلَّا أَن يَأْتِينَ بِفَاحِشَةٍ مُّبَيِّنَةٍ ۚ وَتِلْكَ حُدُودُ اللَّهِ ۚ وَمَن يَتَعَدَّ حُدُودَ اللَّهِ فَقَدْ ظَلَمَ نَفْسَهُ ۚ لَا تَدْرِي لَعَلَّ اللَّهَ يُحْدِثُ بَعْدَ ذَٰلِكَ أَمْرًا ﴿١﴾ فَإِذَا بَلَغْنَ أَجَلَهُنَّ فَأَمْسِكُوهُنَّ بِمَعْرُوفٍ أَوْ فَارِقُوهُنَّ بِمَعْرُوفٍ وَأَشْهِدُوا ذَوَيْ عَدْلٍ مِّنكُمْ وَأَقِيمُوا الشَّهَادَةَ لِلَّهِ ۚ ذَٰلِكُمْ يُوعَظُ بِهِ مَن كَانَ يُؤْمِنُ بِاللَّهِ وَالْيَوْمِ الْآخِرِ ۚ وَمَن يَتَّقِ اللَّهَ يَجْعَل لَّهُ مَخْرَجًا ﴿٢﴾ وَيَرْزُقْهُ مِنْ حَيْثُ لَا يَحْتَسِبُ ۚ وَمَن يَتَوَكَّلْ عَلَى اللَّهِ فَهُوَ حَسْبُهُ ۚ إِنَّ اللَّهَ بَالِغُ أَمْرِهِ ۚ قَدْ جَعَلَ اللَّهُ لِكُلِّ شَيْءٍ قَدْرًا ﴿٣﴾ وَاللَّائِي يَئِسْنَ مِنَ الْمَحِيضِ مِن نِّسَائِكُمْ إِنِ ارْتَبْتُمْ فَعِدَّتُهُنَّ ثَلَاثَةُ أَشْهُرٍ وَاللَّائِي لَمْ يَحِضْنَ ۚ وَأُولَاتُ الْأَحْمَالِ أَجَلُهُنَّ أَن يَضَعْنَ حَمْلَهُنَّ ۚ وَمَن يَتَّقِ اللَّهَ يَجْعَل لَّهُ مِنْ أَمْرِهِ يُسْرًا ﴿٤﴾ ذَٰلِكَ أَمْرُ اللَّهِ أَنزَلَهُ إِلَيْكُمْ ۚ وَمَن يَتَّقِ اللَّهَ يُكَفِّرْ عَنْهُ سَيِّئَاتِهِ وَيُعْظِمْ لَهُ أَجْرًا ﴿٥﴾أَسْكِنُوهُنَّ مِنْ حَيْثُ سَكَنتُم مِّن وُجْدِكُمْ وَلَا تُضَارُّوهُنَّ لِتُضَيِّقُوا عَلَيْهِنَّ ۚ وَإِن كُنَّ أُولَاتِ حَمْلٍ فَأَنفِقُوا عَلَيْهِنَّ حَتَّىٰ يَضَعْنَ حَمْلَهُنَّ ۚ فَإِنْ أَرْضَعْنَ لَكُمْ فَآتُوهُنَّ أُجُورَهُنَّ ۖ وَأْتَمِرُوا بَيْنَكُم بِمَعْرُوفٍ ۖ وَإِن تَعَاسَرْتُمْ فَسَتُرْضِعُ لَهُ أُخْرَىٰ ﴿٦﴾ لِيُنفِقْ ذُو سَعَةٍ مِّن سَعَتِهِ ۖ وَمَن قُدِرَ عَلَيْهِ رِزْقُهُ فَلْيُنفِقْ مِمَّا آتَاهُ اللَّهُ ۚ لَا يُكَلِّفُ اللَّهُ نَفْسًا إِلَّا مَا آتَاهَا ۚ سَيَجْعَلُ اللَّهُ بَعْدَ عُسْرٍ يُسْرًا ﴿٧﴾ وَكَأَيِّن مِّن قَرْيَةٍ عَتَتْ عَنْ أَمْرِ رَبِّهَا وَرُسُلِهِ فَحَاسَبْنَاهَا حِسَابًا شَدِيدًا وَعَذَّبْنَاهَا عَذَابًا نُّكْرًا ﴿٨﴾ فَذَاقَتْ وَبَالَ أَمْرِهَا وَكَانَ عَاقِبَةُ أَمْرِهَا خُسْرًا ﴿٩﴾ أَعَدَّ اللَّهُ لَهُمْ عَذَابًا شَدِيدًا ۖ فَاتَّقُوا اللَّهَ يَا أُولِي الْأَلْبَابِ الَّذِينَ آمَنُوا ۚ قَدْ أَنزَلَ اللَّهُ إِلَيْكُمْ ذِكْرًا ﴿١٠﴾ رَّسُولًا يَتْلُو عَلَيْكُمْ آيَاتِ اللَّهِ مُبَيِّنَاتٍ لِّيُخْرِجَ الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ مِنَ الظُّلُمَاتِ إِلَى النُّورِ ۚ وَمَن يُؤْمِن بِاللَّهِ وَيَعْمَلْ صَالِحًا يُدْخِلْهُ جَنَّاتٍ تَجْرِي مِن تَحْتِهَا الْأَنْهَارُ خَالِدِينَ فِيهَا أَبَدًا ۖ قَدْ أَحْسَنَ اللَّهُ لَهُ رِزْقًا ﴿١١﴾ اللَّهُ الَّذِي خَلَقَ سَبْعَ سَمَاوَاتٍ وَمِنَ الْأَرْضِ مِثْلَهُنَّ يَتَنَزَّلُ الْأَمْرُ بَيْنَهُنَّ لِتَعْلَمُوا أَنَّ اللَّهَ عَلَىٰ كُلِّ شَيْءٍ قَدِيرٌ وَأَنَّ اللَّهَ قَدْ أَحَاطَ بِكُلِّ شَيْءٍ عِلْمًا ﴿١٢﴾
Alih aksara
editJarwanipun
edit- Hai Nabi (Muhammad) manawa sira arep megat wong wadon rabinira, pegaten nalikane suci (ora haidh), supaya banjur tumindak 'iddahe (watese kena rabi maneh). Iddah mau cathetana sing terang. Sira bektia ing Allah Pangeranira. Qadon kang sira pegat sadurunge entek 'iddahe aja sira tundhung saka omahe, Si wadon mau banjur ngelakoni hala kang ina banjur ditundhung. Kang mangkono iku pranataning Allah. Dene sing sapa nerak pranataning Allah, tetep wong nganiaya awake dhewe. Sira mangsa weruha bok menawa sawise pegatan Allah nganakake sebab liya.
- Dene yen wis cedhak wewangen 'iddah sarta talake durung entek tur tanpa pamancal, sira kena mengku wong wadon mau kelawan becik, utawa nglestarekake pegate kelawan becik lan haneksekna marang kanca nira wong loro kang adil, manawa sira dadi saksi neksenana sumurup ngistokake parentahing Allah aja karana apa - apa. Pitutur iku tumrap marang wong kang pracaya ing Allah lan ngandel bakal anane dina qiyamatl Sing sapa bekti ing ALlah, Allah paring luar wong mau saka kasusahan (paring dalan gampang).
- Lan paring rizki kang tanpa dikira - kira marang wong mau, sing sapa pasrah ing Allah, Allah paring cukup. Satemene sabarang kersane Allah mesthi kelakon. Allah nemtokake samu barang ana wawatesane.
- Sarupane wong wadon kancanira kang wus ilang pangarep - arepe anggarap sari, manawa sira semang - semang lan iddahe telung sasi, mangkono uga (tumrap) kang ora tau anggarap sari. Dene tumrape wong wadon kang ngandhek wawangeing mangsane yaiku yen wis nglahirake kandhutane, lan sing sapa tuhu - tuhu ing (wajibe maring) Allah, Panjenengane bakal paring gampang sabarang prakarane.
- Mangkono iku parintahing Allah didhawuhake marang sira, sing sapa bekti ing Allah, Allah muwung sakabehane halane wong mau, lan anggedhekake ganjarane wong mau.
- Wong wadon kang wis sira pegat mau enggonanan ing omah dhuwekira murwat karo kasugihanira, lan aja sira gawe pituna mundhak ngerupekake dheweke. Dene yen wong wadon mau ngandhek, nafkahana nganti salahira kandhungane. lan yen dheweke nusoni anak ira, wenehana pituwase. Lan padha tutur - tinuturana antaranira nglakoni kabecikan. Manawa sira ora sarujuk bayi sira hiyakna ing wong wadon liya.
- Supaya wong sugih mragadana samurwate sugihe, dene sing sapa rizkine mung cumpen mragadana samurwate paparinge Allah marang wong iku. Allah ora meksa marang wong kajaba mung samurwate peperainge Allah marang wong mau. Allah bakal paring gampang sawise ngelakoni kangelan.
- Pira wae akehe wong padesan kang padha duraka ora ngistokake parintahing Allah Pangerane lan parentahe utusaning Allah, wusana Ingsun timbang abot lan padha Ingsun patrapi siksa neraka kang gegirisi.
- Banjur padha ngrasakake patrapaning keluputane dadi wekasane kapitunan.
- Allah ngancam siksa kang abot marang wong mau mulane sira padha bektia ing Allah, he para kang duwe akal.
- Para mukmin, Allah wis andhawuhake pitutur (al-Quran) lan ngutus Rasul kang ngundhangake ayate Allah kang cetha marang sira, kanggo ngetokake para wong kang mukmin (angestu) lan kang padha ngelakoni panggawe becik saka pepeteng (bodho) marang pepadhang (kaweruh) sing sapa percaya ing Allah lan ngelakoni panggawe becik Allah bakal nglebokake wong mau marang suwarga kang ana bengawane mili ana ing kono padha langgeng. Allah paring rizki becik marang wong mau.
- Allah kang gawe langit pitu lan bumi sapadhane iku kattetepake Allah bakal tansah tumurun ing antarane (bumi lan langit) supaya sira padha weruha yen Allah iku temen ngelmu (Ne) anglimputi samu barang.[2]
Footnote
edit- ↑ Tanzil.info
- ↑ Kajarwakaken kanthi midhangetaken Tafsir Al-Quran Suci Basa Jawi anggitanipun Profesor K.H.R Muhammad Adnan.
Pranala Jaba
edit