An-Najm النجم |
|
---|---|
Informasi | |
Arti | Lintang |
golongan | Makiyyah |
Juz | Juz 27 |
Statistik | |
Jumlah ruku' | ruku' |
Jumlah ayat | 62 ayat |
Surat An-Najm punika surat ingkang kaping 53, anggadahi 62 ayat lan termasuk golongan surat makiyyah.
بِسْمِ ٱللَّهِ ٱلرَّحْمَـٰنِ ٱلرَّحِيمِ
وَالنَّجْمِ إِذَا هَوَىٰ ﴿١﴾ مَا ضَلَّ صَاحِبُكُمْ وَمَا غَوَىٰ ﴿٢﴾ وَمَا يَنطِقُ عَنِ الْهَوَىٰ ﴿٣﴾ إِنْ هُوَ إِلَّا وَحْيٌ يُوحَىٰ ﴿٤﴾ عَلَّمَهُ شَدِيدُ الْقُوَىٰ ﴿٥﴾ ذُو مِرَّةٍ فَاسْتَوَىٰ ﴿٦﴾ وَهُوَ بِالْأُفُقِ الْأَعْلَىٰ ﴿٧﴾ ثُمَّ دَنَا فَتَدَلَّىٰ ﴿٨﴾ فَكَانَ قَابَ قَوْسَيْنِ أَوْ أَدْنَىٰ ﴿٩﴾ فَأَوْحَىٰ إِلَىٰ عَبْدِهِ مَا أَوْحَىٰ ﴿١٠﴾ مَا كَذَبَ الْفُؤَادُ مَا رَأَىٰ ﴿١١﴾ أَفَتُمَارُونَهُ عَلَىٰ مَا يَرَىٰ ﴿١٢﴾ وَلَقَدْ رَآهُ نَزْلَةً أُخْرَىٰ ﴿١٣﴾ عِندَ سِدْرَةِ الْمُنتَهَىٰ ﴿١٤﴾ عِندَهَا جَنَّةُ الْمَأْوَىٰ ﴿١٥﴾ إِذْ يَغْشَى السِّدْرَةَ مَا يَغْشَىٰ ﴿١٦﴾ مَا زَاغَ الْبَصَرُ وَمَا طَغَىٰ ﴿١٧﴾ لَقَدْ رَأَىٰ مِنْ آيَاتِ رَبِّهِ الْكُبْرَىٰ ﴿١٨﴾ أَفَرَأَيْتُمُ اللَّاتَ وَالْعُزَّىٰ ﴿١٩﴾ وَمَنَاةَ الثَّالِثَةَ الْأُخْرَىٰ ﴿٢٠﴾ أَلَكُمُ الذَّكَرُ وَلَهُ الْأُنثَىٰ ﴿٢١﴾ تِلْكَ إِذًا قِسْمَةٌ ضِيزَىٰ ﴿٢٢﴾ إِنْ هِيَ إِلَّا أَسْمَاءٌ سَمَّيْتُمُوهَا أَنتُمْ وَآبَاؤُكُم مَّا أَنزَلَ اللَّهُ بِهَا مِن سُلْطَانٍ ۚ إِن يَتَّبِعُونَ إِلَّا الظَّنَّ وَمَا تَهْوَى الْأَنفُسُ ۖ وَلَقَدْ جَاءَهُم مِّن رَّبِّهِمُ الْهُدَىٰ ﴿٢٣﴾ أَمْ لِلْإِنسَانِ مَا تَمَنَّىٰ ﴿٢٤﴾ فَلِلَّهِ الْآخِرَةُ وَالْأُولَىٰ ﴿٢٥﴾ ۞ وَكَم مِّن مَّلَكٍ فِي السَّمَاوَاتِ لَا تُغْنِي شَفَاعَتُهُمْ شَيْئًا إِلَّا مِن بَعْدِ أَن يَأْذَنَ اللَّهُ لِمَن يَشَاءُ وَيَرْضَىٰ ﴿٢٦﴾إِنَّ الَّذِينَ لَا يُؤْمِنُونَ بِالْآخِرَةِ لَيُسَمُّونَ الْمَلَائِكَةَ تَسْمِيَةَ الْأُنثَىٰ ﴿٢٧﴾ وَمَا لَهُم بِهِ مِنْ عِلْمٍ ۖ إِن يَتَّبِعُونَ إِلَّا الظَّنَّ ۖ وَإِنَّ الظَّنَّ لَا يُغْنِي مِنَ الْحَقِّ شَيْئًا ﴿٢٨﴾ فَأَعْرِضْ عَن مَّن تَوَلَّىٰ عَن ذِكْرِنَا وَلَمْ يُرِدْ إِلَّا الْحَيَاةَ الدُّنْيَا ﴿٢٩﴾ ذَٰلِكَ مَبْلَغُهُم مِّنَ الْعِلْمِ ۚ إِنَّ رَبَّكَ هُوَ أَعْلَمُ بِمَن ضَلَّ عَن سَبِيلِهِ وَهُوَ أَعْلَمُ بِمَنِ اهْتَدَىٰ ﴿٣٠﴾ وَلِلَّهِ مَا فِي السَّمَاوَاتِ وَمَا فِي الْأَرْضِ لِيَجْزِيَ الَّذِينَ أَسَاءُوا بِمَا عَمِلُوا وَيَجْزِيَ الَّذِينَ أَحْسَنُوا بِالْحُسْنَى ﴿٣١﴾ الَّذِينَ يَجْتَنِبُونَ كَبَائِرَ الْإِثْمِ وَالْفَوَاحِشَ إِلَّا اللَّمَمَ ۚ إِنَّ رَبَّكَ وَاسِعُ الْمَغْفِرَةِ ۚ هُوَ أَعْلَمُ بِكُمْ إِذْ أَنشَأَكُم مِّنَ الْأَرْضِ وَإِذْ أَنتُمْ أَجِنَّةٌ فِي بُطُونِ أُمَّهَاتِكُمْ ۖ فَلَا تُزَكُّوا أَنفُسَكُمْ ۖ هُوَ أَعْلَمُ بِمَنِ اتَّقَىٰ ﴿٣٢﴾ أَفَرَأَيْتَ الَّذِي تَوَلَّىٰ ﴿٣٣﴾ وَأَعْطَىٰ قَلِيلًا وَأَكْدَىٰ ﴿٣٤﴾ أَعِندَهُ عِلْمُ الْغَيْبِ فَهُوَ يَرَىٰ ﴿٣٥﴾ أَمْ لَمْ يُنَبَّأْ بِمَا فِي صُحُفِ مُوسَىٰ ﴿٣٦﴾ وَإِبْرَاهِيمَ الَّذِي وَفَّىٰ ﴿٣٧﴾ أَلَّا تَزِرُ وَازِرَةٌ وِزْرَ أُخْرَىٰ ﴿٣٨﴾ وَأَن لَّيْسَ لِلْإِنسَانِ إِلَّا مَا سَعَىٰ ﴿٣٩﴾ وَأَنَّ سَعْيَهُ سَوْفَ يُرَىٰ ﴿٤٠﴾ ثُمَّ يُجْزَاهُ الْجَزَاءَ الْأَوْفَىٰ ﴿٤١﴾ وَأَنَّ إِلَىٰ رَبِّكَ الْمُنتَهَىٰ ﴿٤٢﴾ وَأَنَّهُ هُوَ أَضْحَكَ وَأَبْكَىٰ ﴿٤٣﴾ وَأَنَّهُ هُوَ أَمَاتَ وَأَحْيَا ﴿٤٤﴾وَأَنَّهُ خَلَقَ الزَّوْجَيْنِ الذَّكَرَ وَالْأُنثَىٰ ﴿٤٥﴾ مِن نُّطْفَةٍ إِذَا تُمْنَىٰ ﴿٤٦﴾ وَأَنَّ عَلَيْهِ النَّشْأَةَ الْأُخْرَىٰ ﴿٤٧﴾ وَأَنَّهُ هُوَ أَغْنَىٰ وَأَقْنَىٰ ﴿٤٨﴾ وَأَنَّهُ هُوَ رَبُّ الشِّعْرَىٰ ﴿٤٩﴾ وَأَنَّهُ أَهْلَكَ عَادًا الْأُولَىٰ ﴿٥٠﴾ وَثَمُودَ فَمَا أَبْقَىٰ ﴿٥١﴾ وَقَوْمَ نُوحٍ مِّن قَبْلُ ۖ إِنَّهُمْ كَانُوا هُمْ أَظْلَمَ وَأَطْغَىٰ ﴿٥٢﴾ وَالْمُؤْتَفِكَةَ أَهْوَىٰ ﴿٥٣﴾ فَغَشَّاهَا مَا غَشَّىٰ ﴿٥٤﴾ فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكَ تَتَمَارَىٰ ﴿٥٥﴾ هَٰذَا نَذِيرٌ مِّنَ النُّذُرِ الْأُولَىٰ ﴿٥٦﴾ أَزِفَتِ الْآزِفَةُ ﴿٥٧﴾ لَيْسَ لَهَا مِن دُونِ اللَّهِ كَاشِفَةٌ ﴿٥٨﴾ أَفَمِنْ هَٰذَا الْحَدِيثِ تَعْجَبُونَ ﴿٥٩﴾ وَتَضْحَكُونَ وَلَا تَبْكُونَ ﴿٦٠﴾ وَأَنتُمْ سَامِدُونَ ﴿٦١﴾ فَاسْجُدُوا لِلَّهِ وَاعْبُدُوا ۩ ﴿٦٢﴾
Alih aksara
editJarwanipun
edit- Demi lintang nalikane surup.
- Kancanira (Muhammad) iku ora pisan kesasar lan ora ngawur.
- Lamg dingendikaake (Muhammad yoiku Al-Quran) dudu sakarepe dhewe.
- Kabeh kang didhawuhake mesthi wahyu terang saka Ingsun.
- Kang diutus dhawuhake wahyu mau (Jibril) kang gagah perkasa.
- Kang duwe akal lantip lan (Jibril mau) ngetokake rupane kang sejati (nalika Muhammad Mi'roj).
- Lan nalikane dheweke (Muhammad) ana ing panggonan mletheke srengenge (ufuk kang dhuwur)
- Tumuli dheweke (Jibril) nyedhak marang (Muhammad) sangsaya nyedhak.
- Chedake nganti padha karo anak panah loro utawa luwih cedhak maneh.
- Allah dhawuhake wahyu marang kawulane (Muhammad) hiya iku kang didhawuhake lumantar (Jibril).
- Atine (Muhammad) ora maido rupane (Jibril) kang wis dideleng (ana guwa Hira).
- He wong kang mangro tinal, ya gene sira madoni (Muhammad) anggone deleng (weruh Jibril).
- Lan satemene Muhammad wis weruh Jibril (rupane kang sejati) ana wektu liya.
- Yaiku ana ing sidratil Muntaha (panggonan kang dhuwur dhewe ana langit nomer 7 sing diweruhi Nabi Muhammad nalika mi'roj).
- Ing kono panggonane suwarga Ma'wa.
- (Muhammad pirsa Jibril) nalika sidratil Muntaha mau ana kang nutupi.
- Pandelenge Muhammad ora luput lan ora kesasar.
- Satemene Muhammad wis pirsa sebagian tandha - tandha (kekuasaane) Pangerane kang agung.
- Padha kondhoa, "Piye panemumu mungguh brahala kang aran Lata lan 'Uzza".
- Lan brahala telu liyane, apa hiya padha duwe kuasa kaya kuasane Allah? (ora).
- Apa nyata, sarupane bocah lanang iku anakira, dene bocah wadon putrane Allah?
- Pangedum mangkono iku luput ora adil.
- Kabeh kang wis kasebut mau mung jeneng dianggo jenengake brahala, kang jenengake kowe lan leluhurmu. Allah ora nurunake dhawuh nyembah brahala mau, Anggonmu paha nyembah brahala mau mung nuruti panyana lan karepa ati kang kena panggodhaning seta. Tur wis padha diparingi pituduh dening Allah marang dheweke.
- Apa manungsa bakal oleh kabeh sing diangen - angeni.
- kelakone samu barang ana donya lan akherat iku ana kuasane Allah.
- Piro wae akehe Malaikat ing langit kang syafa'ate ora migunani kejaba yen diparengake nyafa'ati wong kang dadi keparenge Allah.
- Satemene wong kang ora ngandel bakal anane akherat padha ngarane yen Malaikat iku putrane Allah putri.
- Lan dheweke ora duweni kaweruh bab mau, mung saka panyanane wae, kang mangka panyana iku ora bisa nyirnakake kang temen sithik wae.
- Mulane padha mlengosa marang wong kang gorohake al-QuranKu kang mung golek kabungahan ing donya.
- Hiya iku saka katoge kaweruhe. Satemene Allah nguningani wong kang nyimpang saka dalaning Allah, lan uga nguningani wong kang ngambah pituduh bener.
- Isine bumi lan langit iku kagungane Allah, kang bakal matrapi kang lakune hala sarta ganjar wong kang tumindak panggawe becik.
- Hiya iku wong kang padha nyingkiri dosa gedhe lan panggawe ala kajaba dosa cilik kang mung sithik. Satemene Allah iku pangapurane gedhe kang nguningani sira. Panjenengane nguningani sira nalika dadekake saka lemah utawa nalika isih ana wetenge biyungmu dadi bayi. Mulane sira aja semuci - suci. Allah nguningani wong kang bekti.
- Piye panemumu wong kang balik (saka al-Quran)?
- Lan mewehake bandhane sithik lan ora gelem weweh maneh?
- Apa dheweke (Walid bin Mughiroh) weruh barang kang samar - samar ngnti ngerti (apa sing dikandhakake)?
- Apa durung oleh wulang kang kasebut ing kitabe/shuhuf Musa.
- Lan lembaran - lembarane Obrahim kang wis didhawuhake lan dilakoni?
- Yaiku wong kang dosa bakal nandhang patrapan saka dosane liyan.
- Lan manungsa ora bakal tampa ganjaran kajaba laku kang wis dilakone dhewe.
- Lan lakune mau besuk bakal katon.
- Banjur diparingi ganjaran (pituas) kang sempurna murwat kang wis dilakoni.
- Satemene barang - barang iku wekasane bali marang ngarsane Allah.
- Satemene Allah paring bungah (kang dadekake bungah lan gumuyu) sarta paring susah (kang dadekake susah lan tangis).
- Saktemene Allah iku kang gawe pati lan urip.
- Satemene Allah iku kang gawe jejodhon lanang lan wadon.
- Saka nutfah (mani) kang tumama ing pranakan.
- Satemene Allah bakal nguripake wong kang wis padha mati.
- Satemene Allah kang paring kesugihan lan kecukupan.
- Satemene Allah iku Pangerane lintang Syi'ra.
- Satemene ALlah iku kang numpes wong 'Aad ing zaman kuna.
- Lan uga numpes wong Tsamud nganti ora ana kang keri.
- Lan uga numpes wong Tsamud nganti ora ana kang keri.
- Lan negara - negara kang dienggoni ummate Luth kang diwalik dening Allah.
- Tumuli Allah maringi marang negara mau siksa gedhe.
- Mulane endi ta paringe Allah kabungahan marang isra kang isih mamang.
- (Muhammad) iki utusan kang paring pengeling - eling kaya dene utusan sak durunge.
- Saiki Qiyamat iku wis cedhak.
- Liyane Allah ora ana kang bisa medharakae titi mangsa kelakone Qiyamat mau.
- Apa ana kang sira gumuni kelawan maido kabar iki?
- Lan geguyu ora nangis (dening krungu pangancam)?
- Lan sira padha ora perduli?
- Mulane padha sujuda lan bektia ing Allah.[2]
Footnote
edit- ↑ Tanzil.info
- ↑ Kajarwakaken kanthi midhangetaken Tafsir Al-Quran Suci Basa Jawi anggitanipun Profesor K.H.R Muhammad Adnan.
Pranala Jaba
edit